arane salma . deyan saiki umure wis 9 taun . bocahe unyu nemen, ceriwis, cengeng, heboh, pinter, lincah . bocahe ora isinan . deyan sing paling sempurna nang antara nyong, pepi lan salma . pas lair ya sing paling rame dhewek. senenge nyetel kaset dora ben subuh -____- ngko mesti rebutan tv wis kuwe senenge nyanyi lagu dudidudidam .. rewel lah pokoke..rambute kriwil, matane belo sejen nemen karo pepi luwih luwih karo nyong --
pokoke bener bener umah rame dening salma tok..hahaa
mesih kemutan pas jentike salma kebeler gara gara nyong ,,, haduuuh maaafff sueeeer wedi nemen , ngrasa bersalah nemen pastine..
nyong mesih ndeleng salma nari, nangis , rebutan tv anjog dina kae ...
pas salma mereeeem ,, nyong tah nyante paling meriang biasa ,,,
yawiiis pokoke cepet mari bae lah yaa
wis wis wis tak tinggal turu eeeeeh
kok pas tangi , umah rame yah ?
nembe tangi kan nyawane durung kumpul yah , yawis melongo tok
pas metu saka kamar jeng jeeeeeeng
pada ngerti apa sing tak rasakna pas kuwe ?
bocah kelas 3 sd , nembe tangi turu , nyawane durung kumpul langsung diwein ngerti salma lunga.. shock ? mesti.. nangis ? nggoaaar !
laka manng sing bisa djak ribut, laka maning kaset dora, laka maning sing nyannyi-nyanyi njoget , umah bisa sepiiii nemen ...
2 dina sebelum salma lunga , salma ngomong pengen ditukuke dolanan dokter-dokteran ... tapi ?
salma wis dadi dokter nang surga aku yakin.. hahaa
seorane nyong mesih bersyukur mesih duwe pepi ..
tenang di Surga ya Salma Rizki Adinda :)
11 Desember 2005
Selasa, 06 Maret 2012
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

0 komentar:
Posting Komentar